Rabu, 19 Oktober 2011

Welas hang Keliru

Sun caruk yane ono ring wayah bengi,
Sun tekani yane ono ring wayah raino.
alon-alon sun kawiti ngomong,
Sun terusaken ambi takon.
Teko siji omongan nganti tekan paran-paran
kabeh terus kelakon opo anane lan sing ono putuse.

Sun Aruo luwih jemblang, lan teko ati isun takon
Alus ulihe riko jawab, dunyo sekabehe katon endah
nganti Sun pikir opo riko tah jodo isun

wes kadung duwur ulihe sun ngangen riko
Ati seneng pengen kecaruk
Lawas sun mlaku menyang nang riko,
Sing peduli lorone awak
Sampe nong ngarepe riko sun sing duwe doyo,
Sing iso lambe iki ngomong.
Riko wes gandengan ambi wong liyo,
Sing biso sun tahan Cupar
tapi paran hang biso sun lakoni
Dudu isun hang riko karepi!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar