Sopo hang nyongko biso kecaruk ambi riko,
Saben wayah riko nakoni kapan tekane isun,
Koyo wes sing sabar,isun jenggirat budal.
Ring Kutho Besuki welas iki mekar
Mung sedelok baen wes semendal nong ati
kadung podo welas, riko ngumbar janji
Arep pamit muleh janji balik maning
Ati sing lilo, tapi kudu nerimo.
wayah raino wes ganti bengi
Kari dewekan isun ngateni,
tekang riko hang dadi ngimpi.
embuh sampek kapan gedigi,
kelendi kabare riko saiki
opo keroso sun kangeni
Engeto bengen riko tau janji
ngopo paran saiki ngelali
Minggu, 22 April 2012
Sambang Muncar
Wes kadung ditekati,sun budal kari wani
Munggah gunung gumitir menyang pelonco
Masio angel sun lakoni, kari adoh sun tekani.
Pengen Kecaruk ambi dulur lan konco
Kadung wes keroso kangen ring njero ati
Sing ono maning hang biso gandoli
Sak dalan-dalan kari seneng
Nganteni wayah tekan isun ring kono
Kelendi kabare kabeh?opo kesuwen podo nganteni
Keroso tah riko kabeh sun kangeni
Sambang muncar myakne awet sedulurane
Sambang muncar nawi baen biso uleh pacar
Gedigi rasane kadung seneng
Kabeh podo nganggep isun dulur
Masio adoh panggone katon parek
Hang bengene Abot dadi rencek

Arum Manise Kembang
Buru baen isun kenal riko, sing keroso ati iki demen nang riko.
Buru baen isun welas nang riko, rupan riko kegowo ngimpi.
Nawi disawang hang janget nang moto, gawe tentreme ati iki.
Riko lare koyo arum manise kembang, Isun koyo toh kumbang
Biso ngerasakaken tapi sing biso milu duweni.
Pengen nyanding opo tah riko gelem,
wes kadung ketemu, tapi nono jodone.
Masio tah mung sedelok, kepengen seru rasane ono welas
Katon-katonen biso orip bareng , nyanding selawase.
Kepengen ngomong, roso wes kadung keroso isin.
Kadung gedigi mung sesek nang njero dodo.
Kabeh iku mung biso dadi angenan
Awak isun sing biso ngimbangi riko
Sun pasrah nganteni riko
Mulo jodo karepe gusti hang kuoso

Langganan:
Postingan (Atom)