Buru baen isun kenal riko, sing keroso ati iki demen nang riko.
Buru baen isun welas nang riko, rupan riko kegowo ngimpi.
Nawi disawang hang janget nang moto, gawe tentreme ati iki.
Riko lare koyo arum manise kembang, Isun koyo toh kumbang
Biso ngerasakaken tapi sing biso milu duweni.
Pengen nyanding opo tah riko gelem,
wes kadung ketemu, tapi nono jodone.
Masio tah mung sedelok, kepengen seru rasane ono welas
Katon-katonen biso orip bareng , nyanding selawase.
Kepengen ngomong, roso wes kadung keroso isin.
Kadung gedigi mung sesek nang njero dodo.
Kabeh iku mung biso dadi angenan
Awak isun sing biso ngimbangi riko
Sun pasrah nganteni riko
Mulo jodo karepe gusti hang kuoso
Tidak ada komentar:
Posting Komentar